CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »
Girls Myspace Comments

Rabu, 01 Mei 2013

Materi Bahasa Jawa Kelas 1 Semester 1 " KASARASAN "


Kasarasan
A.    Maca
Ing aspek maca ingkang wonten ing wucalan basa jawi kelas 2
                SD inggih menika:
1.      Maca wacan kanthi lafal lan intonasi kang trep.
Tuladha :
Wacanen kanthi trep!
Pangan sing Sehat
Saben dina aku mangan.
Amggonku mangan ora sembarangan.
Mangan kudu ngati-ati.
Kajaba kanggo kasarasan uga njaga karesikan.
Mangan sehat iku mangan sing ngandhung gizi.
Mangan sing ngandung gizi uga diarani empat sehat lima sempurna.
Empat sehat lima sempurna iku sega, lawuh, sayur, buwah, lan susu.
Kanca-kanca padha elinga aja jajan saenggon-enggon.
Kajaba kurang resi, uga bisa gawe lelara.
Lelara weteng, watuk, lan liya-liyane.
2.      Negesi tembung
Tembung iki golekana basa padinane lan kramane
Tuladha : Tembung basa umum      : mangan
Tembung padinan          : maem
Basa krama                     : nedha
3.      Gawe ukara
Gawe ukara nganggo tembung basa padinan lan tembung basa krama
Tuladha : Basa umum         : mangan → aku mangan sega
Basa padinan      : maem → aku maem sega
Basa krama         : nedha → kula saweg nedha
B.     Micara
1.      Gawe pitakon
Gawe ukara pitakon nganggo tembung sapa lan ana ngendi
Tuladha :  a. Wangsulan : jenengku minarti
Pitakon : Sapa jenengmu?
b. Wangsulan : omahku ana ing jalan manggis
Pitakon : Ana ngendi dununge omahmu?
2.      Ngucapake tembung
Tembung- tembung iki ucapna kanthi bener
Tuladha :  a. Mangan
b. Sembarangan
C.  Nyemak
1.      Kawruh basa
Tuladha : basa salah/kleru : Santi saweg tindak
Basa benere       : Santi saweg kesah
2.      Ndhapukake tembung acak
Tuladha : adhik-ngombe-susu
Adhik ngombe susu
D.  Nulis
Nulis latin
Tuladha : Nani mangkat sekolah



E.   Apresiasi sastra
Cerita wayang
Tuladha:   Raden Werkudara
               Raden Werkudara satria ing jodhi pati
               Asma liyane Raden Bratasena utawa Bima
               Pusakane kuku pancanaka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar